Entri Populer

Selasa, 15 Desember 2009

SANDIWARA PARODI JAKA TARUB

SEBUAH LAKON PARODI SATU BABAK
Dipentaskan dalam Acara Bersih Desa Nglanggeran,
14 Desember 2009
“JAKA TARUB”
Karya : Rohmad Widiyanto, S,Pd



PARA PELAKU :
DALANG, JAKA TARUB, NAWANG WULAN, PAK ARDI SANGGRAH, MBOK ARDI SANGGRAH, PEMBANTU 1, PEMBANTU 2, PEKATIK 1, PEKATIK 2,
NAWANG WULAN, PEREMPUAN 2, PEREMPUAN 3, PEREMPUAN 4, PEREMPUAN 5, PEREMPUAN 6, PEREMPUAN 7, ROMBONGAN KOOR, DEWA 1, DEWI 1






PANGGUNG : Sisih Kiwo kelompok musik, kelompok suara lan dalang.
Ruang tengah tempat bermain.
WAKTU :


















======================================================










ADHEGAN I
MUSIK WIGARTYAS

DALANG : Mulo si rembulan koyo rodha cikar bunder abang ing wetan naliko sungkup bumi yoiku wengi. Mbok gendong-gendhong bayimu ing senthong, mbok cencang sapimu ing kandang, mbok obong lemut nganggo racun koyo saiki mbok bakar danyang siluman nganggo menyan. (nggowo menyan lan kukuse ngepul kandel, sinambi ngubengi panggung).
KOOR : Gung liwang liwung
Gung liwang liwung (dst)
DALANG : Kabeh alang-alang parewang-rewang .......
Moro podho ngangkat irung, lan mulih ing gunungmu, alasmu, segaramu, kapal layarmu. Awing-awing, awang, uwung-uwung....
Podho menengo ing sewalike topengmu sik adoh sik adoh lan nerawang
KOOR : Niyatingsun buka layar
Buko wayang buko lakon
Kanthi kalimat: La ilaa ha illAllah
KOOR : Muhammad rasulullah

KOOR : (nyanyi).
Si Jaka
Si Jaka
Jaka Tarub
Anak tani
Anak lading
Anak gunung gemunung ing sawah desa Nglanggrah
Si Jaka
Si Jaka
Jaka Tarub

DALANG : Anakku lanang
Jaka ora kakean tingkah
Umure wis meh akhil balig
Koyo ketulis ing babad
Ketemu jodoh Nawang Wulan, widodari
naliko kluwung mlengkung ing wayah surup
mudhun ing tlogo kang suci
KOOR : Si Jaka
Si jaka
Jaka Tarub
MUSIK EBIET G.A.D
JAKA TARUB : (Mlebu ing panggung. Penganggone koyo cah enom jaman saiki lan nyangklong ransel pelancong ing nggeger, lan nggaggo helm cakil, uluk salam). Assalamu ‘alaikum.......
DALANG : (semu kaget lan gumun).
JAKA TARUB : (Cuek).
DALANG : (Membentak). Hei bocah ra urus danyang pretelon! mbok yo sik ngerti sopan santun. Urung wareg mangan menyan lan sajen, kok kowe isih wani ngganggu wilayahku. Awas rasakno dupaku! (nambah dupa lan kukus ngepul soyo akeh. Komat-kamit, bathukke mengkirut).

JAKA TARUB : (Nyeraki dalang, lan dalang diangkat ngadeg, digawa lungguh ing panggung).
Mbah, mbah.. simbah.... (koyo nangekke wong turu lungguh). Wis mbah, tangi mbah….)
DALANG : (Alon-alon mbukak mata ....).
JAKA TARUB : Danyange pretelon wis lungo kok mbah, wis mlayu adoh keweden mantramu. Manteramu jan ampuh tenan mbah.
DALANG : Hah? Kowe? Kowe?
JAKA TARUB : Putumumu dewe mbah. Si Jaka Tarub
KOOR : (menyanyi)
Si Jaka
Si Jaka
Jaka Tarub
Wis teka
Wis lahir
Cah ndesa penggadang ing dalan gedhe
Si Jaka
Si Jaka
Jaka Tarub
MUSIK SAMPAK SONGO
DALANG : (mlumpat lan kaget). Haaaah! Aku ora percaya. Kowe danyang pretelon. Jaka tarub kuwi mesthi persis bapake, persis mbahe, mbah buyute, lan mbah biyunge. Dheweke warisan jaman tua sing ora tau rubah lan owah. Adaptasi seni lan budhaya. Seni. Pribadi. Tumbal. Turun temurun koyo leluhur. Jaka tarub dudu koyo ngene iki.
JAKA TARUB : Aku yo ora gelem to mbah. Aku ki yo koyo ngene iki, Jaka Tarup ki sik pantes yo ngene iki to mbah. Aku duwe coro dhewe mbah. Saiki rak jaman modern to mbah, mosok Jaka Tarub isih kon nganggo surjan lan blangkon. Aku pingin gawe sejarah anyar to mbah, aku pingin duwe dalan dhewe sek bedo karo dalane wong tuo-tuo.
DALANG : Kowe dudu Jaka Tarub.
JAKA TARUB : La njuk sopo mbah nek aku dudu Jaka tarub, mbah....?
DALANG : Yo danyang pretelon!
JAKA TARUB : We la mbah ki kok ngeyel, aku ki Jaka Tarub mbah. (sinambi mbukak helem cakile) Lho rak Jaka Tarub tenan to mbah. Mosok lali. Aku ngerti gunung Nggeran, alas, sawah, pacul, gaplek, sapi, kebo, angin kulon, perkutut, wayang, keris, primbon, babad, gembleng. Aku yo ngerti poso ngebleng, semedi, pucuk irung. Aku yo kenal Nawang Wulan, Dewi Sri wong iki mau wae lagi bar SMS-an kok, Gusti Kanjeng, Gusti Rasul, lan Gusti Allah. Nanging aku yo ngerti komputer mbah, aku yo ngerti chatting, on line, ugo face book-an. Hebat to mbah Jaka Tarub saiki, aku wae saiki nggowo lab top lo mbah (sinambi njupuk lab top soko tase). Lho, hebat to mbah.. Aku ki malah mesakne kowe mbah, kok isih tetep dadi dhalang.
DALANG : Danyang, danyang, danyang….!! Aku ngimpi opo kok dadi mangkene perkarane (njupuk kitab babad, lan mriksa, membolak-balik kitab). Cocok. Cocok. Wis cocok. Ora ono sik kleru mbok sak aksara. Aku ora ngerti Le.. Koyo kucing wae kowe ki Le! Tanpa uluk salam tanpa sembah.
JAKA TARUB : O, la uwis ngono lho mbah mau.
DALANG : Penganggomu kuwi lho Le? kenopo ganti koyo cah kuliahan ngene iki?
JAKA TARUB : O-oh, bab penganggo to mbah, mau tak tukar tambah nong butik Monel, Coro Perancisnya: BOUTIQUE DE MONELE. ben ketoro gaul ngono lho mbah. La sumpek no mbah nek kon nganggo surjan lan blangkon. Ribet, susah lo mbah nek arep mlayu, sopo ngerti ono lindhu. He.. he... (karo sajak urakan)
DALANG : Calon gelandangan.
JAKA TARUB : Yo ojo ngono to mbah, mosok karo putune dewe kok tego ngecap gelandangan. Wis to aku ki Jaka Tarub tenan. gek terusno critane. Aku mengko mulih lho nek kowe ora percoyo nak aku iki Jaka Tarub
DALANG : Rusak, rusak… negarane le nek caramu ngene, kelakon ono crito kang bundhet, ruwet, jan tobat aku ....
La gek kowe mrene arep ngopo lan ono opo? Arep ngrusak crito leluhur po piye? Ojo kemaki yo Le! Yo wis nek ngono, arep piye maneh, nanging kowe kudu manut dalang. Ora keno gawe crito dewe yo.
JAKA TARUB : Aku ki wis gedhe yo mbah. Iki lho delengen brengosku wis tuwuh, lan ora nganggo umbelen meneh. La lakone opo to mbah mbengi iki?
DALANG : Janji ora ngaco?!
JAKA TARUB : Wayang sik apik ki yo kudu setia lan paham lan siap kerjo bareng, ugo kudu paham karo dhalange to mbah. Rak yo ngono to mbah karepmu?
DALANG : Nanging kowe kudu ganti penganggo, ora koyo ngene iki.
JAKA TARUB : Alaaa bab embel-embel meneh. Penganggo ki rak mung bungkus to mbah. Sek penting ki budi pekertine. Sesuk rak metu nong koran, yen Jaka Tarub wis rubah dadi menungso sik modern. Ayo to mbah gek ndang diwiwiti critane. … (nyeraki rombongan koor). He dab, le nembang sik apik, ora gur grunang grunung
KOOR : (nyanyi)
Si Jaka
Si Jaka
Jaka Tarub
Wis teka
Wis lahir
Cah ndesa Nglanggrah, penggadang ing dalan gedhe
Si Jaka
Si Jaka
Jaka Tarub
DALANG : (motong). Stop! Stop! Le, nanging aku ora nanggung lo yen wong tuwamu semaput ngerti kowe koyo cah edan ngene iki.
JAKA TARUB : (ketawa ).
DALANG : Nong crito sik di gawe mas Rohmad, adegan sak teruse kowe mulih, wong tuwamu wis kangen, wis gedhene semene kok urung rabi-rabi. Yo kono ndang lungo. Dalang je dipaeko. (bali no panggonane dhalang)
JAKA TARUB : Iyo, iyo mbah.. ngono wae kok repot (mlebu )
KOOR : Huuuuuuu u uu uuu uuu
Gek mlebuo,..... gek mlebuo... oooo...ooooo....







ADEGAN II
MUSIK WIGARTYAS
DALANG : Oong..... Anenggih dusun pundi to engkang kaeko adi doso purwa. Eko sawiji doso sepuluh, purwa wiwitan. Injih meniko Dhusun nglanggrah, ingkang pinongko purwakaning carito. Dusun ingkang gemah ripah loh jinawi, karto toto raharjo. Datan wonten dusun ingkang anandingi. Kocab kacarito, Jaka Tarub nedyo mulih ing ndesane, sak wise ngulandara ngangsu kawruh ing negoro. Najan wus selak karo pandoming babad, nanging arep priye maneh, karepe sik gawe crito yo kudu ngono. Tan kocapo, Jaka Tarub naliko sowan wong tuwane, tanpo kanyono-nyono di utus dening wong tuwane supoyo enggal golek konco kanggo mangun bebrayan, ngudi sajatining urip.
KOOR : (nyanyi)
Si Jaka
Si Jaka
Jaka Tarub
Wis teka
Wis lahir
Cah ndesa Nglanggrah, penggadang ing dalan gedhe
Si Jaka
Si Jaka
Jaka Tarub

(Mbok Rondho deso Nglanggrah, lan rewange mlebu panggung, lagi podho jagongan ing ngomah ngarep, sinambi podhoeng ngrasani Jaka Tarub)

MUSIK KUTUT MANGGUNG
PEMBANTU 1 : E, kok yo koyo ngene yo rasane dadi babu, pendhak dino anane gur dikongkon karo dikongkon wae. Gajine yo mung sithik. Jan awak-awak kok yo bejo ( sinambi resik-resik ing ngomah ngarep)
PEMBANTU 2 : Iyo yo yu, awake dewe ki ayu-ayu kok mung trimo dadi babu. Kudune rak yo dadi model opo bintang film ngono to?
PEMBANTU 1 : Hus, ojo ngimpi kowe, babu ki yo babu. Senajan ayu koyo ngopo. Ayo-ayo ndang dirampungke gaweane, selak ndarane dewe eko, diecat kapok kowe.
PEMBANTU 2 : La aku ki rak gur nimbangi omonganmu to yu. Yo wis ayo, la kae opo ndoro kakung putri wis meh teko.
(Pak Ardi lan Mbok Ardi Sanggrah podho mlebu ing panggung)
MBOK ARDI SANGGRAH : Yung, wis resik to, sajake kok le gayeng to? Hayo podho ngrasani sopo.
PEMBANTU 1 : We, ndoro to. Monggo, monggo ndoro pun resik kok. Mboten kok ndoro, .. mboten ngraosi sinten-sinten
PAK ARDI SANGGRAH : Opo njaluk mundhak Gaji po piye yung, dadi aku ki kan ngerti karepmu.
PEMBANTU 2 : Mboten kok ndoro
PAK ARDI SANGGRAH : Mbokne, wus pirang-pirang wulan aku ngrasakake si Jaka ki kok nganeh-anehi. Sik biasane meh saben dino tilpon utowo SMS, iki kok nganti suwi ora ono kabare, kiro-kiro ono opo yo?
MBOK ARDI SANGGRAH : Enggih, je Pak, kulo yo kawatir mengko gek ono opo-opo. La kulo takon kanca-kancane nggih ngaten. Jarene yo wis ra tau SMS-an malih. Dihubungi yo mail box terus.
PEMBANTU 1 : Mangkih mas Joko gek setres ndoro, la lare sak niki kan ngoten, senadyan gagah-gagah nanging do gampang setres. Diputus pacare wae rasane donya ki arep kiamat. Mbok di tilpon mawon ndoro.
PAK ARDI SANGGRAH : Kowe neko-neko to yung, mosok anankku Joko kok setres, ora mungkin kuwi, yo coba tak tilpune. (Sinambi njupuk HP) We la nomere ra iso dihubungi je. Gek piye iki mbokne.
MBOK ARDI SANGGRAH : Jan gendheng tenan si Jaka Tarub ki. Nomer wae kok gonta-ganti, nganti koyo teroris wae.
KOOR : (Salah siji rombongan KOOR mlebu panggung) Pak Ardi, lan mbok Ardi. Sampeyan-sampeyan niki ampun dho bingung. Wonten ing skenario crito meniko sampun gamblang, menawi sekedhap malih, Joko Tarup meniko enggal mlebet panggung. Pun to mang percoyo kalih kulo, kulo niku sik mbaurekso panggung niki.
PEMBANTU 1 : Mas, mas, mas Heru sampean ki ora kejatah ngomong, kok trunyal-trunyul, ngrusak crito niku jenenge. Karo wong tuwo kok ora ngerti sopan-santun.
KOOR : Hu u ..... u..... u ....... u.......
DHALANG : (MELU mlebu panggung, nggeret rombongan kur sik melu jagongan, banjur dilungguhke maneh ing panggonan koor) La yo ngene iki yen pemain ora dho manut dhalang. Yen dhalang ora prentanh ngomong ki, yo ojo ngomongan, gur ngrepot-ngrepotke dhalang wae kowe ki.. (Dhalang Banjur bali ing panggonane)
KOOR : (nyanyi)
Si Jaka
Si Jaka
Jaka Tarub
Wis teka
Wis lahir
Cah ndesa Nglanggrah, penggadang ing dalan gedhe
Si Jaka
Si Jaka
Jaka Tarub

(Jaka Tarub, dikancani 2 pembantune mlebu pangung)
JAKA TARUB : Assalamu’alaikum .....!
PAK/MBOK ARDI : Wa’alaikum salam....
PAK ARDI SANGGRAH : Bune, yen ora salah panduluku kok koyo anak lanang
MBOK ARDI SANGGRAH : Iyo je pake...
PAK/MBOK ARDI : Joko Tarub anakku, kowe teko tenan le.
(Banjur podho rerangkulan)
MBOK ARDI SANGGRAH : Kok yo dowo umurmu Le, iki mau kowe mentas wae tak rasani karo Bapakmu, e.. kowe kok yo teko tenan
JAKA TARUB : Kulo nggih kraos kok mbok menawi dipun rasani.
PAK ARDI SANGGRAH : Yo wis ngger, sukur banget kowe mulih tenan, bapak simbok bungah banget. Sak wise suwe ora ketemu, piye ngger kahananmu, rak yo podho slamet to?
JAKA TARUB : Injih Pak, Mbok, awit pikantuk pangestu njenengan, soho barokahing pangeran sak dangunipun kulo mboten pepanggihan Bapak lan Simbok, kawontenan kulo tansah bagas lan lan waras Pak. Bapak simbok rak njih sami sae to?
PAK ARDI SANGGRAH : Yo sukur le, yen podho kewarasan, wong tuwo ki wis seneng menowo ngerti kahanane anak podho kewarasan, Bapak simbok ing ndeso yo podho becik, yo mung bingung ngrasakke kowe ora ono kabare.
MBOK ARDI SANGGRAH : Iyo Le, bener opo sik diaturke Bapakmu, Bapak simbok ki jane yo bingung, kok suwe banget kowe ora kabar-kabar, SMS ra tau, opo meneh tilpun.
PAK ARDI SANGGRAH : Yung,... biyung .... e kok malah enak penak jagongan, kono ndang nong mburi, ndramu ki rak yo di gawekke wedang to.
PEMBANTU 1 : Wo, injih ndoro. La kulo niki semlengeren je ngertos mas Jaka. Nopo malih niku lo, rencange mas Jaka. Motone plirak-plirik terus kalih kulo. (sinambi mlebu njero grundelan) E lalah, wong ayu-ayu koyo ngene kok mung gawe kongkonan.
PAK ARDI SANGGRAH : Jaka Tarub, cah bagus sinambi nunggu wedang, Bapak simbok ki jane pingin ngerti, sak jane sak suwene iki kowe ono ngendi to le. SMS ora pernah, opo meneh kok tilpun. Wong tuwo ki rasane ra karu-karuan, mengko kowe gek ono opo-opo. Sak benere kowe ki ngandi wae to le.
JAKA TARUB : Bapak lan Simbok, kulo nyuwun pangapunten saestu, menawi mboten nate caos khabar. La kadang-kadang sinyale meniko angel kok nggih Pak. La sak estunipun meniko kulo meniko rak ngulondoro sak indenging projo to Pak, Mbok. Saking Aceh dumugi Irian sampun kulo jamah sedoyo, sulawesi, Maluku, malah Batam, Malaysia nopo nggih kulo parani. Sedoyo wau kulo namung badhe ngangsu kawruh amrih ing tembenipun kulo saget sekeco.
MBOK ARDI SANGGRAH : E, la kok kowe malah tekan endi-endi le. Yo sukur, sukur le nek ngono. La njuk kancamu iki sopo, mbok dikenalke karo bapak, simbok.
PEMBANTU 1 : (nyuguhake wedang lan camilan) Monggo ndoro pun unjuk, meniko wau mboten sempat damel nopo-nopo, gek mung tumbas ten nggene mbak Sijam.
MBOK ARDI SANGGRAH : Iyo, moro ngger gek di ombe. Mesti rak podo ngelak
JAKA TARUB : Matur nuwun pak, Mbok,... dilajengke mawon nggih. Meniko rencang kulo wonten ing mergi. Menawi coro riyen meniko pekathik kulo, ananging menawi sak meniko istilahe, Bodiguard ngaten lo mbok.
PEMBANTU 2 : Mas Jaka, la nopo mboten klentu to. Pekathik kok awak cilik-cilik, kok le ora mrantasi karyo sajake.
PEKATHIK : We la mbake ki ngece, senajan cilik ning tendangane lo mbak.
PAK ARDI SANGGRAH : Yo, wis, ... wis... Bapak wis marem krungu critamu. Banjur ngene Le. Bapak karo simbok jane arep duwe rembuk karo kowe.
JAKA TARUB : Njih, menopo Pak, kok sajake le meden-medeni....
PAK ARDI SANGGRAH : Ngene Le, senajan awakmu durung leren, lan kringetmu urung asat. Ojo dadi atimu yo nek wong tuwo mengko ora pener. Ngene Le, kowe ngerti saiki Bapak simbok wis soyo sepuh. Bapak simbok jane yo pingin koyo tonggo-tonggo liyane. Moro to delengen, saiki bocah-bocah sak pantaranmu ing deso kene, koyo-koyo wis ora ono meneh sik legan. Kabeh wis podho omah-omah. Mulo soko iku Bapak pingin takon marang kowe, jane kowe wis duwe pacangan opo durung Le?
MBOK ARDI SANGGRAH : Iyo, le. Ibu yo sejatine podho karo Bapakmu. Jane mono ibu yo selak pingin ngendhong putu. Piye Le, opo kowe wis duwe pacangan opo durung?
DALANG : o,..... Pindho gelap nyamber ing awan padhang, Datan kanyono-nyono Jaka Tarub oleh pitakonan kang koyo mangkono. Sak pandurat pandelengane peteng, ora ngerti opo kang kudu di aturake. Amargo kasunyatane Jaka Tarub durung duwe pacangan.
JAKA TARUB : Bapak, simbok, nyuwun pangapunten ingkang kathah menawi kulo sampun damel sedihing manah tiyang sepuh. Pak, Mbok,... sewu kutho ibaratipun kulo ngulondoro, ananging kulo dereng manggihaken wanito ingkang kados gadhang-gadhangan kulo Pak.
PAK ARDI SANGGRAH : Walah Le, kok yo koyo ngono lelakonmu. Mbok orasah adoh-adoh, prawan ndeso kene wae yo akeh, tur yo ayu-ayu, ora kalah karo wanito monco. Kae Le ono Tina, Reni, Wulan, Suli, opo si Ida, kabeh podho ayune, kowe kari milih. Bapak ora kabotan kok nglamarake.
JAKA TARUP : Bapak, simbok nyuwun pangapunten estu. Kulo mboten maido menawi lare-lare mriki kathah ingkang ayu lan gandhes. Ananging Ngaten Pak, menawi miturut crito, kulo meniko saestunipun pingin sanget gadhah estri widodari.
PAK ARDI SANGGRAH : Opo Le?? ... widodari?? Kowe ojo ngimpi Le
MBOK ARDI SANGGRAH : Iyo to Le, Adoh, adoh kowe ngulondoro kok malah gawe pikiranmu nyleneh. La endi to le ono Sejarahe yen menungso kuwi jejodhoan karo widodari, aneh wae kowe ki.
JAKA TARUB : Ibu, la pundi to bu sik nyleneh. Wonten ngalam donya meniko mboten wonten ingkang mboten mungkin Mbok. Pokokipun menawi mboten angsal widodari kulo trimah dados joko tuwo Mbokk.
PAK ARDI SANGGRAH : We,... we,... ojo ngomong ngono Le, ngati-ati yen omongan, Gusti alloh ki ora sare. Ora pareng ngono, ora apik.
JAKA TARUB : Mboten Bu, meniko sampun dados tekat kulo. Kantun sak meniko Ibu sarujuk menopo mboten.
PAK ARDI SANGGRAH : Walah Le, kok koyo ngono kang dadi karepmu. Jane wong tuwo ki yo bingung, arep sarujuk, nanging kok aneh, nek arep ora sarujuk yo piye meneh wong jeneng karepe anak. La gek njur piye dalane Le? Utowo ngene wae, intine, wong tuwamu wis pingin ndang cepet-cepet nduwe putu, sak karepmu sopo calon bojomu.
JAKA TARUB : Matur nuwun Pak menawi tiayang sepuh sampun sarujuk, kulo badhe ngudi kados pundi caranipun amrih kulo enggal-enggal pikantuk jodho.
MBOK ARDI SANGGRAH : Yo, wis, ... nek ngono ngger, wong tuwo mung mangestoni mugo-mugo opo kang dadi sedyamu iso kasembadan. Gek saiki kowe ngaso ndisik ono mburi. Simbok karo Bapak yo arep ngaso ndisik.
JAKA TARUB : Sendiko dhawuh mbok. Ayo podho leren ndisik (sinambi njawil poro pekathike) Menawi ngaten kulo ngrumiyini.
PAK ARDI SANGGRAH : Iyo Le, kono gek do adus-adus ndisik ben ora mambu. Ayo mboke, ngaso ndisik. Yung diberesi disik yo gelase, aku arep ngaso ndisik.
PEMBANTU : Injih Ndoro.
_________________________________________________________________________________









ADEGAN III
MUSIK WIGARTYAS
DALANG : OO,.... Tidem ayem, jenjem permanem. Angin sumilir rinoso isis ing bathuk. Ing angkoso mendhung gumantung melengkung, mertandini arep mudhuning tirto soko ing angkoso, anyles. Ananging jroning dodo Jaka Tarub rinoso bedo, mendhung ing atine Joko Tarub, koyo meh njebol-njebolno moto. Atine ora karu-karuan, ati bingung, pikiran cupet, sumpek, lan bebeg. Nora ngerti opo kang kudu dilakoni. Sewu kutho wis dilewati, sewu deso wis sambangi, ananging durung ono siji-sijio wanito sik gawe gorehing ati. Sejatine mono isih pingin urip mbujang, ananging penjaluke wong tuwane Jaka Tarub kudu enggal bebrayan. Judeg,... judeg .... Jaka Tarub niat arep golek pepadhang.
KOOR : (nyanyi)
Si Jaka
Si Jaka
Jaka Tarub
Wis teka
Wis lahir
Cah ndesa Nglanggrah, penggadang ing dalan gedhe
Si Jaka
Si Jaka
Jaka Tarub
Pikiran judeg
Ati sumpeg
Si Jaka
Si Jaka ....... Jaka Tarub
MUSIK SEWU KUTHO
JAKA TARUB : Le, podo nyerak kene. Aku jan kelakon setres tenan yen ngene iki. La piye to kon ora setres. Teko-teko kok ditari rabi. Kangmongko kowe ngerti dewe, senajan bagus koyo ngene, nanging aku urung duwe pacar. Gek aku kudu piye?
PEKATHIK 1 : Jane kulo yo kaget, teko-teko kok ditari rabi. Tapi jane nggih njenengan sik kleru, ngopo kok golek bojo wae milih-milih. Malah reko-reko arep golek bojo widodari barang. Njenengan ki yo aneh.
JAKA TARUB : La kowe ki dijaluki iguh kok malah nyalahke aku, opo njaluk dipecat po piye?
DALANG : He,... dhanyange pretelon, Jaka tarub, mulane to dadi uwong ki ojo iyik. Reko-reko arep dadi bojone widodari barang. Nek ora aku siik tuwek nggerek ngene iki, ora ono uwong sik iso mbantu kowe.
JAKA TARUB : Wo alah kowe meneh to mbah. Yo senajan kowe ki elek, tuwek, nanging aku percoyo karo kowe kok mbah. Ning yo orasah nggowo-nggowo dhanyang pretelon barang to. Gek terus kudu piye mbah aku iki. Wis aku manut.
DALANG : Gampang Le, kanggoku kecil. Sik tak mbukak primbonku. (sinambi mbukak primbon) ngene yo Le, miturut primbonku iki kowe kudu ngulondoro meneh ing sak pucuking gunung api purba. Ono ing kono kowe bakal ketemu Jodhomu. Eling ojo mampir Ndora yo, ndak mengko kowe ora sido mrono.
JAKA TARUB : Yo yen ngono, aku matur nuwun banget mbah, gek aku tak mangkat wae mumpung urung udan.

DALANG : Yo wis,.. sik ngati-ati wae.. nek perlu pemandu yo ngubungi mas Sugeng utowo mas Suranto. Ono to tilpune.. Kowe ki gur gawe repotku terus. Kudune Dalang ki rak ora melu ngene iki. Yo wis,


ADEGAN IV
MUSIK KODHOK NGOREK
PAPAN : Ono ing kayangan Njunggring Salaka
DALANG : Nenggih puniko, kayangan njunggring Salaka. Dedep sidem kahanane kayangan. Datan jalmo biso moro, datan karep kang nyawiji kejobo kersaning sang dewo. Ananging padatan kuwi rubah lan owah, sairing lakuning jaman. Poro putri ngadep marang kangjeng ramane, niyat arep ngajoake proposal perjalan wisata “De Java Tour”, ngrubuhake adat lan kebiasaan poro putri ing Kayangan.
DEWO : Dhiajeng, dino iki rasane kok bedo banget karo padatan. Aku kok rumongso menowo pirang-pirang dino iki putri-putri ne dhewe sajak nganeh-anehi, ono opo yo dhiajeng
DEWI : Menopo injih to kangmas, kulo kok mboten ngraos niku.
DEWO : La sliramu ki cen wis mati roso kok, mosok ora ngerti glagat.
DEWI : Njih ampun ngaten to kang mas. La niko ketingalipun poro putri-putri kayangan badhe marak sowan.
(Nawang Wulan lan kabeh sedulure niat ngadhep marang wong tuwane – mlebu ing panggung)
DEWO : E, e, e .... putri-putriku kabeh, iki mau kanjang rama lan ibumu lagi podho ngrasani kowe kabeh. Kok, yo banjur podho sowan bareng-bareng ki ono opo. Padhatane rak ora mengkene. Ayo enggal maturo ngger.
NAWANG WULAN : Njih, nyuwun pangapunten Romo. Keparengo kulo matur minongko wakilipun sedherek-sedherek kulo. Nanging mangkih romo ampun duko lho.
DEWO : Ora, ora nduk. Angger ora neko-neko rak Romo ora duko. Piye, piye ono opo nduk Nawang Wulan cah Ayu.
NAWANG WULAN : Ngaten Romo, sampun dangu saestunipun kulo badhe matur nanging ajrih. Nanging gandheng sampun kepekso njih badhe pripun malih. Romo lan Ibu, Nanging mboten duko saestu to?
DEWO : We, la bocah kok ngeyel. Ora, ora yen Romo arep duko. Ndang gek matur, to the poin gitu Lho.
NAWANG WULAN : Pripun njih, nganu Romo. Kulo sak sedherek meniko jane wonten kayangan sampun jenuh ngaten Romo. Nek coro boso lare sakniki BeTe ngaten lho. La meh sedoyo panggenan sampun kulo mangertosi sedoyo, lan nggih mung ngaten-ngaten kemawon. Milo kulo sak sedherek niyat badhe ngawontenaken perjalanan wisata dateng ngalam ndonya. Kulo sedoyo rak dereng nate to Romo. Milo saged mboten saged kulo sak sedherek badhe mandhap wonten bumi. Angsal to Romo.
DEWO : We, la kok njuk mekso koyo ngono. Nduk cah ayu putrine Romo sik tak tresnani, la mbok anggep ngalam ndonya ki apik po. Saiki kahanane wis podho rusak yo nduk, opo meneh cah nom-nomane jan ra iso dijagakke meneh. Ora, ora, ora oleh aku.
DEWI : Iyo to nduk, opo meneh kowe kabeh wong wadon-wadon, mengko nek Joko-joko ing Bumi podho kepencut, njuk kowe diculik piye hayo. Sek kelangan rak yo Romo Ibu To?


NAWANG Wulan : Jan romo Ibu ki ra CS tenan kok. LA kulo sedoyo meniko rak sampun dewoso to Romo. Kanthi kasekten kulo, mangkih rak mboten wonten onten sik ajeng ngganggu. Nek mboten angsal nggih empun kulo ajeng mogok makan mawon. Wis ben Loro, pelit, jan pelit Romo ki.
NAWANG SARI : Injih to Romo, ming sedilit mawon Romo, pun to mboten, mboten menawi wonten pemuda ingkang badhe ngganggu. Nek onten njih tak sikat dhewe to Romo. Nek ra oleh yo wis ayo mogok makan wae, ben kapok romo ngurusi.
DEWO : We, la kok kowe kabeh podho ngeyele. Koyo ngene kok widodari.
NAWANG WULAN : La kok malah ngece to Romo? angsal njih Romo.
DEWO : Jan, tobat nek ngene iki. Mosok poro widodari kok njuk ngambekan. Tapi iso jogo diri yo. Cah-cah Bumi ki nek ngerti wong ayu rak mesti matane ijo. Romo gur khawatir wae.
NAWANG WULAN : Berarti angsal to Romo. Yes!, Romo jan is the best tenan. Thankyu ya Romo. Ayo sedulur-sedulur ndang mangkat, kan pesawat Ulang-alike wis dicarter. Nggih sampun Romo, Ibu nyuwun pamit.
DEWO : E, e e opo yo secepat itu to nduk. Yo wis nek ra keno dipengkak meneh, nanging sik ngati-ati yo.
WIDODARI : Injih Romo, Ibu. Nggih sampun nyuwun pamit njih.
(Poro Widodari podho metu soko panggung)
MUSIK ELING
DEWO : Jan jaman saiki kok kabeh rubah yo diajeng, poro widodari kok tingkahe koyo mengkono. Yo mugo-mugo wae ora ono alangan opo-opo.
DEWI : Injih kang mas, la badhe pripun malih to kang mas, nggih sampun jamane. Monggo kangmas, kito njih ngaso riyin.
DEWO : Ayo-ayo diajeng.



ADEGAN V
MUSIK
PAPAN : Pucuking Gunung Api Purba

DALANG : Ing wayah rahino naliko kluwung mlengkung ing sak nduwuring sendang tejo warno,
Jaka Tarub nedyo golek dalaning urip, ngupadi sampurnaning becik. Sendang tejo warno dadio sarono ketemuning karep kang nyawiji. Wiji kang tinandur abyur ing pucuking Gunung api purba, dadio lan jodhone, angembang ngreboko pindho laron wengi angrubung dian.
Nawang Wulan, Wulan putri kayangan, Naliko sore lembayung kluwung mlengkung Nlusup ing satengahing sendang tejo warno.
Widodari pitu, pitung werno Nlusup ing tirto pindho manuk mliwis, pinongko seksi ilanging jati diri.
Nawang Wulan, Nawang Wulan, Wulan putri kayangan datan biso wangsul ing kayangan. Slendang biru kanggo tondho jati dirining betari, ilang muspro. Maujud dadi winihing trisno kang nyawiji. Wiji kang tukul angrembak angreboko ing dhodho.
Wulan kluwung mlengkung ing wayah sore, Jaka Tarup dadi lan jodhone.

JAKA TARUB : Le, wis sawetoro wektu awake dhewe mlaku ono ing alas kene. Nanging kok urung ono pertondo opo-opo yo, la jarene mbah Dalang aku arep oleh jodho ing pucuking gunung kene, opo mbah dhalang ngapusi awake dewe yo . Piye apike arep neruske laku opo leren ndisik.

PEKATHIK1 : Nggih saene kendel riyen to ndoro, la kulo nggih pun ngelih niki.
PEKATHIK2 : Kowe kuwi kang, wong gedhene semene kok ngelihan. Aku sik cilik wae betah kok. Kacanga!
PEKATHIK 1 : Ojo ngono to le, la nimbangane mlaku terus tanpo juntrung, la apike rak seren ndisik. Sopo ngerti oleh wangsit. Enggih to ndoro?
JAKA TARUB : La gene mletik utekmu, yo wis, apike saiki golek pangan ndisik. Ayo podho mancing wae, mesti nong sendang kae rak akeh iwake. Ayo nek ngono.
PEKATHIK : Nggih kulo golek cacinge riyen to ndoro.
(wektu Jaka Tarub lan poro pekathike mancing dumadakan poro widodadri podho mudhun lan adus ing sendhang)
JAKA TARUB : E, Le... delengen to, kae kok ono cah wadon akeh banget podho arep adus. Ayo ndelik wae.
PEKATHIK 1 : La enggih ngaten ndoro, cocok. Ndelik wae. Lumayan Gratisan nonton film he.. he..
JAKA TARUB : Hus, motomu ijo nek ndelok cah ayu, wis to menengo. Sopo ngerti iki koyo ngendikane mbah Dalang, aku ketemu jodhoku widodari. Asik coy...
(wektu Jaka Tarub lan poro pekathike podho ndelik sinambi ngawat-awati widodari podho adus)
DALANG : Nawang Wulan, Wulan putri kayangan, Naliko sore lembayung kluwung mlengkung Nlusup ing satengahing sendang tejo warno.
Widodari pitu, pitung werno Nlusup ing tirto pindho manuk mliwis, pinongko seksi ilanging jati diri.
Nawang Wulan, Nawang Wulan, Wulan putri kayangan datan biso wangsul ing kayangan. Slendang biru kanggo tondho jati dirining betari, ilang muspro. Maujud dadi winihing trisno kang nyawiji. Wiji kang tukul angrembak angreboko ing dhodho.
Wulan kluwung mlengkung ing wayah sore, Jaka Tarup dadi lan jodhone.
MUSIK GUNUNG KIDUL HANDAYANI
NAWANG WULAN : Sedulur-sedulurku kabeh, jan ngalam ndonya ki jebule yo endah tenan yo. Ora kroso iki wis sore. Kesel yo?
NAWANG SARI : Iyo Wulan, aku yo kesel banget ki. Rasane kok gerah banget yo. Apike po adus wae yo?
NAWANG WULAN : Ah, emoh aku nek adus mengko ono wong ngindhik, yo malu to aku. Mulus-mulus ngene kok di gratiske.
NAWANG TALUN : Wulan, nek ora arep melu adus, yo ra popo. Ra isin, kringetmu kuwi lho ambune jan ra nguwati. Ayo gek nyemplung sendang wae yo.
KOOR : Konco-konco sajake kok ono cewek akeh banget, jan kepeneran tenan aku yo urung duwe pacar kok, ayo kenalan
KOOR : Ayo, aku yo urung duwe cewek je.
(Rombongan koor banjur nyalami widodari)

MUSIK ELING
DALANG : (Mlumpat lan nyeraki rombongan koor) He, he,... lakon opo iki, podho pethakilan, ngrusak crito wae, ... ayo podho bali nyang nggon-nggonane dewe-dewe. Ora ngerti aturan. (sinambi nglungguhke rombongan koor) La, nek Dhalange ra popo salaman (terus nyalami widodari siji-siji). Nderek nepangaken mbak kulo Dhalange. (Terus bali ing panggonane)


KOOR : (Nyanyi).
e-la e-lo
Walang mata ijo
pak Dhalang lali bojo
e-la e-lo
si mata mata akik
si Jaka irung plastik
hore....
e-la e-lo
si akik klambi oblong
si Wulan kadung ngomong
e-la e-lo

NAWANG WULAN : Bener yo sedulur, nak pemuda bumi ki podho ijo yen ngematke wong ayu. Ich, ngeri.... tangane yo jail-jail.

NAWANG SETO : Alah-alah, lan wulan, mbok ojo GR, mbok ngoco kowe ki ayu ora. Potongan Sapi ngono kok ngaku ayu. Ayo diteruske le adus.
NAWANG WULAN : E, kowe ojo ngenyek yo, wong ayune koyo ngene kok diarani elek. Waduh aku kroso pipis je, waduh piye iki. (mlumpat lan pipis )
NAWANG SARI : Wulan, wulan... kow ki widodari lho. Mosok pipis kok sembarangan, ra isin po di delok wong semene ambane iki. Ngisin-isini wae kowe ki.
(naliko poro widodari lagi podho adus, Jaka Tarub mendhak-mendhak lan nyolongslendange salah siji widodari terus bali ing panggonan ndhelik)
NAWANG WULAN : Jan enak tenan yo rasane adus nong bumi, rasane kok koyo ora pingin mentas.
NAWANG SARI : He sedulur-sedulur kok wis wengi yo rasane. Ayo ngono wae le adus, mengko ndak ora iso bali nong kayangan. Ayo mentas.
NAWANG SETO : Iyo je, yo ayo podho mentas, ndang di jupuk slendange.
NAWANG WULAN : Emoh aku, aku isih pingin siblonan kok.
NAWANG SARI : Yo sak karepmu, aku arep mentas.
(Poro widodari banjur njupuk slendange dhewe-dhewe, Nawang Wulan yo nyusul njupuk slendange)

NAWANG WULAN : Sedulur, la slendangku kok ora ono yo, mesthi podho mbok dhelikke yo, sentimen yo karo aku, dumeh aku ayu dhewe. Ayo ngewangi nggolekki.
NAWANG SARI : La mau mbok deleh ngendi to Wul, gur njogo slendang wae kok ora iso. Aku ora ndelikke tenan
NAWANG SIH : Aku yo ora ndelikke lho. Yo ayo digolekki
(Kabeh podho nggolekki nanging ora ketemu)
Nawang Wulan banjur nangis sesenggukan mbareng slendange digoleki ora ketemu
NAWANG WULAN : Njuk piye iki nek slendangku ora ketemu, aku ora iso bali nong kayangan no, nek ngene carane. Piye sedulur?? (Karo bingung isih nggolekki) Pak Dhalang mesti sik ndelikke, iyo to
DALANG : Hus, sembarangan wae nek ngomong, pencemaran nama baik kuwi jenenge. Nggo opo ndelikke slendange cah elek koyo ngene. Cewekku we luwih ayu kok. Sembarangan.
NAWANG SARI : La piye meneh Wulan, kangmongko iki wis wayah surup koyo ngene, menowo mengo nganti wengi malah kabeh ora iso bali nong kayangan. Ngene wae kowe tak tinggal ndisik,sesuk tak baleni yo.
NAWANG WULAN : Aku ojo di tinggal to sedulur, nek dipangan kewan alas piye hayo (karo nangis sesenggukkan)
NAWANG SARI : Yo salahmu dhewe, ndeleh slendang wae ora ngati-ati. Kowe ojo sedih yo, kepekso tak tinggal yo. Ayo sedulur-sedulur podho bali.
(Poro widodari podho mabur lan bali menyang kayangan, Nawang Wulan Nangis gulung-gulungan)
MUSIK IMPLORA
DALANG : Nawang Wulan, Nawang Wulan, Wulan putri kayangan datan biso wangsul ing kayangan. Slendang biru kanggo tondho jati dirining betari, ilang muspro. Maujud dadi winihing trisno kang nyawiji. Wiji kang tukul angrembak angreboko ing dhodho.
Wulan kluwung mlengkung ing wayah sore, Jaka Tarup dadi lan jodhone.
NAWANG WULAN : (Nangis gulung-gulungan lan mbengok-mbengok ora karuan koyo cah cilik) Duch Romo ing kayangan, kok koyo ngene nasibku. Iki mengko piye nek njuk aku diperkosa jalmo menungso. (Karo isih nggoleki slendange) Jan kok yo aneh yo aneh yo, slendang kok iso ilang dewe. Duh gusti, aku janji sik sopo wae iso nemokke slendangku, yen wadon arep tak dadekke sedulur sinorowedi, yen lanang aku rilo dadi pendamping uripe.
(Naliko Nawang Wulan isih tetangisan, Jaka Tarup lan poro pekathike teko)
JAKA TARUB : He, kisanak, sampean ki sopo, cah wadon ayu-ayu kok tetangisan dewe nong pucuk gunung, ono opo, sajake kok sedhih banget.
NAWANG WULAN : Waduh mas keleresan, Mas opo sampean ngerti slendangku. Slendangku ilang mas.
JAKA TARUB : O alah mung slendang to sik ilang ki. Ngono wae le nangisi kok nganti koyo kelangan Bis.
NAWANG WULAN : Yo ojo ngemingke slendang to mas, slendang kuwi slendang ajaib. Iso nggo mebur.
JAKA TARUB : Ha... ha.. sampean niku aneh to mbak, endi ono slendang iso nggo mebur. Nek arep mebur ki yo nganggo Pesawat Merpati, Garuda, opo Buroq ngono lho. Aneh mbak sampean ki.
NAWANG WULAN : Tenan mas, iku slendang jimatku.
JAKA TARUB : Kok jimat, tambah lunyu sampeanki. La jane sampean ki sopo. Rumangsaku nong gunung kene ki ra ono garukan.
NAWANG WULAN : Hus, sampean ki jan menghina tenan. Padhakke bencong wae. Mas, jane aku ki widodari yo mas. Mau sedulurku cacah enem wis podho bali. Aku ditinggal, la ora iso mabur. Mulane tulung golekke slendangku mas.
JAKA TARUB : We la blaik ane. Jebule sampean ki widodari to. Wis ngene wae mbak, saiki wis wengi. Gandeng sampean ora iso bali nong kayangan, apike sampean saiki melu aku wae, aku yo urung duwe pacar kok mbak. Cah kene nakal-nakal lho mbak, nek sampeyan ora nurut omonganku, aku ora njamin iso slamet. Piye gelem ora. Nek ora gelem aku tak bali ndisik selak wengi (banjur ethok-ethok arep lungo)
NAWANG WULAN : Sik, sik to Mas, ojo kesusu ngono, mase ki ora sabaran ngono lho (sinambi nyeret tangane Jaka Tarub) Yo yen ngono aku manut. Tapi emoh aku nek dijaili.
JAKA TARUB : We la, kok ora percoyo. Kowe bakl tak rawat sak apik-apike mbak. Opo malah tak dadekke bohoku.
NAWANG WULAN : Emoh mas, pacarmu we wis akeh kok.
JAKA TARUB : We, ora. Aku urung duwe pacar tenan. Mbok suer mbak. Yo wis kono. Kowe ndisiko karo rewangku. Aku tak beres-beres brangku ndisik
NAWANG WULAN : Wo yoh nek ngono aku manut.
(Nawang Wulan lan pekathik banjur lungo, Jaka Tarub terus beres-beres lan nyimpen slendang sik mau di colong)
JAKA TARUB : Weh, jan klakon rabi oleh widodari tenan aku. Bapak simbok rak seneng banget yen ngerti aku wis oleh jodho

MUSIK BATAL KAWIN P PROJEK
(Jaka Tarub Jogetan, pak Dhalang yo melu-melu njoget, rombongan Koor semono ugo, melu njoget)

ADEGAN VI
MUSIK KUTUT MANGGUNG
PAPAN : Omah Pak Ardi Sanggrah
PAK ARDI SANGGRAH : Mbokne, awake dhewe ki koyo dilelogo yo?
MBOK ARDI SANGGRAH : Dilelogo kados pundi to pakne, kulo kok ora nyambung.
PAK ARDI SANGGRAH : La genah ngono lho. Lagi pirang menit kumpul karo anak lanang, iki malah wis ditinggal meneh. Dadi wong tuo jaman saiki ki jan angel yo mbokne.
MBOK ARDI SANGGRAH : Wo, thole Jaka Tarub to. La niku rak mung tiru bapakne to Pak. Riyin njenengan nggih koyo ngoten to? Ndadak selak.
PAK ARDI SANGGRAH : Hus, ojo ngono to mbokne. Gene kowe yo gelem karo aku.
MBOK ARDI SANGGRAH : La gelem no, ning kepekso.
PAK ARDI SANGGRAH : E, kowe ki kok malah aeng to mbokne. Njuk piye Jaka Tarub ki karepe. Bocah saiki ki cen aneh. Dikongkon rabi malah minggat. Wong tuwo ki gek kurang opo.
MBOK ARDI SANGGRAH : La enggih to pakne, Gek yo wong wadon koyo opo sik digoleki ki. Arep rabi wae ndadak reko-reko golek widodari barang. Mbok ngomong wae nek urung wani rabi, karuan wong tuo ki le mikirke.
(Naliko Pak Ardi Sanggrah lagi rerasanan karo garwane, Jaka Tarub, Nawang Wulan, lan poro pekathike teko)
JAKA TARUB : Assalamu’alaikum,....
PAK/MBOK ARDI : Wa’alaikum Salam, we la kowe ngger, tuwasne iki mau wis tak rasani neko-neko
JAKA TARUB : La nggih koyo ngoten niku, lawong mriki niku niat golek jodho tenanan kok malah dirasani olo.
PAK ARDI SANGGRAH : Yo ora ngono to Le, la bapak simbokmu ki yo bingung to ngerti kowe koyo ngono. La iki kowe kok malah nggowo cah wadon, e, cah wadon opo dudu to? La kuwi sopo, mentas ono garukan po?
DALANG : Pak Ardi, sampeyan ki salah, kudune miturut skenarione, lare estri niku rupane ayu kinyis-kinyis. Pun dianggep mawon ayu tenan, arepo kahanane koyo ngono.
PAK ARDI SANGGRAH : We, ngoten to. Sori-sori pak Dhalang. Iyo le tak baleni. La cah ayu iki sopo, opo iki calon bojomu?
JAKA TARUB : La njih meniko Pak calon kulo. Naminipun Nawang Wulan, widodari saking kayangan.
NAWANG WULAN : Leres Pak, kulo meniko asli bikinan kayangan, nami kulo Nawang Wulan.
PAK ARDI SANGGRAH : Koyo ngene ki widodari Le?
DHALANG : Pak Ardi, sampean ki kok ngeyel to. Di otar-aturi nek lare meniko ayu kinyis-kinyis kok mbandel. Opo Njaluk dipecat po piye?
PAK ARDI SANGGRAH : He...He... iyo,... iyo,... lali aku.
DHALANG : Lali opo nglali. Wong tuwo kok ngeyel.
MBOK ARDI SANGGRAH : Iyo to pakne, ono cah ayune koyo ngene kok diarani elek.
NAWANG WULAN : (ethok-ethok arep metu) Yo wis nek ra percoyo aku mulih wae.
JAKA TARUB : Ojo ngono to nduk, La Bapak ki sik salah-salah terus. La njih meniko Pak, Mbok calon pendamping kulo. Pripun Mantep to. Gek sak niki ugi pokoke kulo nyuwun dikawinke, mangkih selak direbut pak Dhalang.
MBOK ARDI SANGGRAH : We, la kowe ki piye to Le, njaluk rabi kok koyo pesen Mie Ayam. Ngomong langsung dadi. La opo anggepmu ora nganggo persiapan barang po.
JAKA TARUB : Pokokke mboten sah ngangge persiapan, selak kebelet niki lo Pak.
NAWANG WULAN : Yo sabar to kakang Jaka, wis to mengko tak servis sik sip.
JAKA TARUB : Iyo diajeng. Mulo iku aku selak ora sabar. Pak Pripun, saget to?
PAK ARDI SANGGRAH : Yo arep piye meneh le, wis suwe wong tuwamu nunggu-nunggu kowe ndang duwe bojo. Senajan kesusu koyo ngopo Bapak yo sarujuk wae. Piye rak yo ngono to mbokne.
MBOK ARDI SANGGRAH : La ajeng pripun malih to pakne. Karang nek cah saiki ki ora kuwatan nek kon nahan. Nek wis kadung kebelet, senenge nabrak-nabrak.
PAK ARDI SANGGRAH : Yo ngene wae, saiki ayo kabeh podho toto, yo sak rasa-rasane wong ndadak kabeh. Yen ngono ayo podho

ADEGAN VII
MUSIK ELING
MUSIK KODOK NGOREK.
PAPAN : Kayangan
DHALANG : Anyambung crito kang wus kepungkur, sang Dewo arerasan ngenani putrine sik lagi lungo ngulondoro ing ngalam donya. Penggalihe podho ora kepenak amarga durung ono khabar soko poro putrine. Injih meniko cariosipun...
DEWO : Diajeng, wus pirang-pirang ndino putri-putrine dewe podo nguondoro mudhun ing ngalam donya, kenopo kok yo ora podho kabar-kabar. Wong tuwo ki rak yo miki terus.
DEWI : La injih to Kangmas, sinaosa widodari ananging wonten ngalam donya meniko sak niki rak mboten aman to Pak. Kulo mireng rawat-rawat kabar mbok bakul sinambi woro. Jarene sakniki peta politik ten Indonesia lagi memanas. Nopo niku sik jarene skandal Bank Century niko lho. La mangkih gek putra putrine awake piyambak dikatut-katutke rak malah repot, Dadi kriminalisasi kayangan no mengko.
DEWO : Hus, sliramu ki kok tekan sik semono. Ojo neko-neko kowe ki. Opo apike aku nusul po piye yo?
DEWI : Njih ampun to kangmas, mengkih malah njenengan dikiro Anggoro. Disel kulo sik cotho.saiki apike diajeng.
DeWO : La njuk piye

(Dumadakan poro Putri Kayangan podho jerit-jerit, sajak kesusu ngadep kanjeng ramane)
WIDODARI : Waduh ketiwasan Romo, ketiwasan,....
DEWO : Ketiwasan piye to ngger. La Endi Nawang Wulan Kok ora melu bali. Ono Opo.
NAWANG SARI : La njih meniko wau romo, kolo wau naliko kulo sami adus wonten ing sendang, slendangipun Nawang Wulan Ical. Dados njih mboten saget wangsul mriki malih. Lajeng kulo tilar, lawong selak dalu kok.
DEWO : La rak tenan to, ndisik rak Romo wis wanti-wanti menowo kudu ngti-ati. La Kowe-kowe kabeh podho ora nggugu marang wong tuwo. Dadi Widodari kok podho pethakilan, ora njogo jenenge wong tuo. La njuk piye menowo Nawang wulan dimaongso kewan alas? Mau ki rak yo digoleki ndisik, ojo kesusu di tinggal. Jan ra urus tenan kowe kabeh.
NAWANG SARI : Nggih ampun duko ngaten romo, Mosok dewo kok ora iso nahan howo nepsu.
DEWO : Hus, kowe ki malah mulang. Dewo ki yo duwe hati nurani. Nek ono kahanan ngene ki sopo wae mesti duko. Saiki njuk piye nek koyo ngene iki. Piye diajeng, aku jan budrek tenan. Kumat darah tinggiku, aku wedi yen nganti struk. Wis sak karep dalange wae, aku arep lungo. Bubar, ayo bubar kabeh.
DHALANG : Jojo bang mawingo-wingo, sang dewo duko kepati-pati, pirso putri kesayangane ilang ing alam donya, dianggep musno amblas, koyo kelelep lumpur Lapindo Brantas ing Sidoarjo. Ananging gandheng wekdalipun mboten wonten, kedadean ing kayangan meniko mboten dipun terusaken. Punthel, tugel, penonton piambak kulo aturi nerusakaen. Layar kayangan katutup, dipun gantos pahargyan pengantenan antawisipun Jaka Tarub lan Nawang Wulan


ADEGAN VIII
MUSIk GEBOK GIRO
DHALANG : Poro pamirso sedoyo ingkang dahat kinormatan. Mboten kanyono-nyono Jaka Tarub sampun pikantuk Jodho nipun, injih animas Ayu Nawang Wulan, widodari ingkang mandhap sangking kayangan. Pinurwakan munjuk mujo, muji syukur wonten ing ngarsanipun pangeran, monggo kito sami kito awiti pahargyan meniko kanthi manah ingkang lejar, sampun ngantos wonten ingkang amenggalih ribet. Pinongko pambukaning pahargyan meniko, monggo samangkih kito pirsani pahargyan saking sederek Mio sak rencang, ingkang badhe ngaturaken lampah Kuda Lumpingan. Sugeng midhangetaken ngantos paripurnaning pahargyan.
(Penganten diarak mlebu ono ing panggung sinambi mirsani hiburan nganti rampung pahargyan)

DALANG : Sampun paripurno pahargyan adeging panganten wonten dinten meniko. Kanthi kepekso, adhegan bulan madhu mboten dipun peragakaken.
Koor : Pak Dhalang berarti sampung rampung to tugas kulo.
DHALANG : we la urung No. Kowe kabeh ki kepatah nganti rampung crito. Kapok ora. Yo saiki kanggo tombo keju kowe kabeh oleh seneng-seneng. Kono kon nyetelke dangdut karo mas subar gek podho jejogetan. Aku yo kesel je. Ora popo, aku yo arep melu njoget.
MUSIK DANGDUT.
Ing sak tengah-tengahing jejogetan, kanthi kesusu Pak Ardi mlebu panggung.
MBOK ARDI SANGGRAH : E, e, e... mandheg-mandheg, Pak dhalang, sampean niku pripun to. Urung rampung critane kok malah seneng-seneng. Jane ngerti aturan mboten to sampean niku.
DHALANG : We, la kok ora ono udan ora ono mendhung, kok teko-teko duko ki ono opo. LA aku ki rak gur manut sutradara to mBok. Dhalang ki posisine isih nong ngisore sutradara, ngerti mboten.
MBOK ARDI SANGGRAH : Wo ngaten to. La tak kiro wis rampung, nggih empun nak ngaten.
DHALANG : Yo kono, gek mlebu aku arep ngrampungke crito ndisik.
MBOK ARDI SANGGRAH : Wo njih pak Dhalang Manang Munung.
DHALANG : Hus, sak-sake kowe ki nek ngomong. (Pak dhalang bali ing panggonane) Carios sak lajengipun. Pitung tahun sampun kapengker, Jaka Tarub amangun urip bebrayan kaliyan Nawang Wulan. Linambaran roso tresno asih ing antawisipun kekalihipun, Gesangipun bebrayan Jaka lumampah kanthi atut runtut, ayom, ayem, toto titi tentrem. Minongko wohing pepasihan lan tondho tresno Jaka lan Nawang Wulan, piambakipun sampun kaparingan momongan, pun genduk Ayu Wulandari Asmanipun. Ananging sak sae-sae nipun Jaka ambungkus bangke, tetep kemawon saget kaconangan dening kawontenan. Makaten cariosipun.

ADEGAN IX
MUSIK DANGDUT CUMA KAMU
JAKA TARUB : Diajeng, ora rinoso yo wis pitung tahun awake dhewe jejodhoan, Kakang seneng banget iso nyanding sliramu. Delengen putrine dewe, duh ayune koyo ibune.
NAWANG WULAN : (SINAMBI NGGLENDHOT ONO PUNDHAKE JAKA TARUB) La iyo to mesthi to kakang, la wong ibune ayune koyo ngene, mesthi wae anake yo ayu to. Ananging aku kok saiki duwe roso kangen karo kanjeng ramaku ing kayang yo. Piye yo kakang carane kanggo ngilangi roso kangen iki.
JAKA TARUB : Yo oleh-oleh wae diajeng kowe kangen karo wong tuwamu, nanging arep priye maneh. Ndang pupusen to, kowe wis ora mungkin bali nong kayangan.
NAWANG WULAN : Aku ki yo wis mupus kang, nanging sik dadi bingungku ki, gek sopo yo sik nyolong slendangku ndisik, kok yo tegel-tegele.
JAKA TARUB : Wis to nduk, ojo dipenggalih meneh, malah gur gawe sedhihing atimu. Saiki kowe masako ndisik. Aku selak ngelih.
NAWANG WULAN : Uwis kakang, iki gur kari umbah-umbah, mulo kowe tak tinggal nong kali ndisik yo. Tulung aku nitip geni nong pawong, disugokke kayune ndak mati. Nanging welingku, ojo pisan-pisan kowe mbukan kendil yo yen dudu aku sik mbukak, mengko ndak ono kedadean sik ora apik.
JAKA TARUB : Iyo, iyo dhiajeng.
NAWANG WULAN : Yo nek ngono aku pamit kangmas, tenan lho ojo diterak welingku, menowo kok terak aku ora tanggung jawab resikone. (Nawang Wulan Banjur mangkat nong kali)
JAKA TARUB : Kok ora koyo padatane, ngopo kok Wulan welingan koyo ngono. Ojo-ojo Wulan wis ngerti menowo aku sik nyolong slendange. Sikape kok nganeh-anehi. Aku kok penasaran tenan. Wis lah ra popo coba tak bukake kendhile. (Jaka tarub banjur mbukak Kendhile) Lho (kaget) kok isine mung watu. Jan ra urus tenan Wulan ki, la wong lanang kok kon mangan watu.
(tanpo kanyono-nyono, Nawang Wulan teko karo bengok-bengok)
NAWANG WULAN : Kakang Jaka, kok kowe mblenjani janjimu to kang. Aku ki widodari yo kang, aku ngerti lan kroso menowo kowe ora jujur. Kowe wis nerak wewalerku. (nangis sesenggukan) Saiki wis ilang kabeh kasektenku kakang, Awake dhewe kudu urip koyo bangsamu. Ilang, ilang tenan kasektenku. Awake dhewe bakal urip mlarat kang. Gek kepriye yen ngene iki.
JAKA TARUB : Duk yayi tuwasno iki mau aku arep muring karo kowe, mergo kowe gur adang watu. Aku nyesel banget yayi. Apuranen aku yo.
NAWANG WULAN : Senajan aku ngapuro kowe nanging tetep wae kasektenku tetep ora iso bali. Saiki gek piye, berase wis ra ono meneh, aku kudu nutu pari. Mulo soko iki, kowe kudu siap dadi wong mlarat, kayune yo wis entek, kowe ndang goleko kayu aku tak nutu, galo ananke wis nangis ngelih.
JAKA TARUB : Iyo diajeng, aku manut (Terus lungo golek kkayu)
NAWANG WULAN : (AREP NJUPUK PARI DI TUTU ONO IN LUMBUNG Ananging sepiro kagete naliko arep njupuk pari, Nawang wulan weruh slendange sik ndisik ilang) Lho, iki kok koyo slendangku sik ilang mbiyen yo. (dibukak bungkusan slendange) Iyo aku ora pangling, iki slendangku. Nanging sopo sik ndeleh kene? Ojo-ojo kang Jaka Tarub sik nyolong slendangku ndisik.
(Slendang banjur di coba lan bener, kanthi slendang kuwi Nawang Wulan Biso Mabur)
Nawang wulan dadi bingung antarane seneng, sedih, lan muring campur dadi siji)

DALANG : Nawang Wulan Nemokake slendang ing tumpukaning pari
Wulan mbali dadi widodari
Kumleyang ing sak nduwuring lumbung, kandhang lan pendopo
Wulan ngancik purnama ping 24
Jaka Tarub momong anak
NAWANG WULAN : Kakang Jaka, reneo kakang
JAKA TARUB : Ono opo diajeng?
NAWANG WULAN : ora diajeng, diajengan kang. Delengen sik nong pundhakku ki opo. Kenopo kowe tego kakakng ngapusi aku. Kowe tego ngapusi anakmu. Kasunyatane kowe to sik nyolong slendangku ndisik.
JAKA TARUB : Aku njaluk ngapura Wulan, kabeh mau tak tempuh mergo aku tersno karo kowe. Nek ora kanthi coro kuwi aku ora mungkin dadi bojomu.
NAWANG WULAN : Nanging ora ngene carane kang. Yo wis aku iso ngapuro kowe, nanging gandheng aku wis nemokke slendangku, mulo aku kudu bali ing kayangan, urip karo sedulur-sedulurku. Iki minongko paukumanmu kakang.
JAKA TARUB : Ojo diajeng, kowe ojo lungo. Kowe ojo bali nong kayangan, mesakne anakmu arep priye. Coba delengen iki anakmu.
NAWANG WULAN : Yo arep priye maneh kakang, kowe wis ora jujur karo aku, aku kudu lungo, bali marang wong tuwaku. (Banjur ngambung anake) wis yo nduk, ibu arep bali nong kayangan sik ngati-ati. Wis kakang, aku njaluk ngapuro, lan njaluk penegestu
JAKA TARUB : Kowe ojo lungo diajeng (karo sedhopok nagis)
NAWANG WULAN : ora kakang, aku kudu lungo (banjur mabur ing kayangan)
MUSIK ST 12
JAKA TARUB NAGIS ------ T A M A T

Tidak ada komentar: